Wednesday, December 16, 2020

 

Wabah Corona Tumrab Para Dulur Tani

 

 

Amargo wabah iki aku isih isa bali.

Nanging,

Ora kena lunga saka ngomah?

Duh Gusti,

Nganti kapan ora ana kang ngerti.

Nyambut gawe kudu saka ngomah.

Honor wis suda dititili sakben wayah.

Bocah-bocah ora ana kang sekolah.

Kabeh wong tua wis ngerasa sayah,

Merga bocah-bocah malah kakehan polah.

Genuk wadah beras isine mung cukup kanggo dina iki.

Sabun adus lan sabun umbah-umbah malah wis entek kawit dek wingi.

Latar ngarepan omah kebak godhong pating blasah.

Srengenge saya suwe saya mlethek ngobong ati.

Suket-suket wis pada garing.

Saya gering kaya dene wit jati.

Aku isih tetep kudu ngarit saben dina, ora ngerti titi wanci.

Dene kewan-kewan kang tak pakani, sajak ora ngerti.

Saya suwe panas mlethek ana njero ati.

Apa Kangmas ora ngerti, aku ora bisa urip kaya ngene iki?

Nganti kapan, embuh, aku ora ngerti....

Jebul krasa luwih kesel ana njero ati

 

 

Nglipar, 10/05/2020

No comments:

Post a Comment