Wednesday, December 16, 2020



 

Aku Ora Ngerti

 

 

Kangmas,

Kadang aku ora ngerti, 

ora mudeng karo dalan kang tak pecaki.

Ndisik mula nalika lagi tak niati, 

rasaku wis saguh ngancani Kangmas nganti tumekaning pati.

Nanging kabeh kang tak temoni mung gawe kuciwane ati.

Gela, 

nanging aku kudu pie, Kangmas ora kersa ngandani.

Jare wong wedok kui kudu percaya marang guru laki,

Nanging Kangmas sajak ora isa tak percayani.

 

Kangmas,

Menungsa urip kui kudu duwe krenteg suci lan karep kang gede.

Nanging kenapa uripmu kaya mung trima kaya ngono kui?

Urip sakmadya, aku bisa ngerti.

Nanging ora njur duwe karep sak kepenake ati.

Sesuk.

Sesuk.

Lan sesuk.

Nganti entek sesuk nanging wis pirang-pirang sasi.

Banjur saiki taun wis ganti....

Kangmas ajeg kaya wingi uni.

Gelane rasa atiku nalika bali.

Kayane aku kudu maneh lunga luwih suwi.

 

Kangmas,

Nganti kapan awake dewe arep kaya ngene iki?

“Embuh, aku ora ngerti.” Suaramu semaur kanti grogi.

Kandamu awake dewe sak derma titah kang nglakoni.

“Nanging aku wis kesel nglakoni urip kaya ngene iki.” Aku ora bisa matur kanti ngati-ati.

 

Duh Gusti....

Impenku ndisik,

 Kangmas isa tak jak bareng mecaki langkah nuju impen suci.

Gawe usaha kanggo masa depan awake dewe supaya isa luwih mandiri.

Supaya bisa biyantu liyan,

Sedulur-sedulur kang uripe luwih sengsara kaya jaman saiki.

Nanging nalika aku bali,

Apa kang tak temoni?

Niatku bali mung arep ngewangi.

Sethitik isa-a ngenteng-ngentengi tugas wajibmu kang abot kui....

Oalaaah Gusti.

Modal entek.

Bekakas resik blas ora ana sisa.

Dagangan laris gusis ninggal rasa kecewa.

Kepie caraku ngerti,

Nyatane Kangmas ora mung gawe kuciwa.

Nanging ngentekne ati.

Tur ajeg wae semaur sesuk lan sesuk tumeka saiki....

 

“Gusti, nyuwun paringi sabar ngelakoni.”

Aku mung isa nyebut ana njero ati.

 

Nglipar, 10/05/2020 



 


No comments:

Post a Comment